304 North Cardinal St. Dorchester Center, MA 02124
Retno Darsi Iswandari
Retno Darsi Iswandari utawi kasebat Retno Iswandari (lair ing Kabupatèn Sléman, Yogyakarta, 5 Juni 1988; umur 34 taun) inggih punika salah satunggalipun sastrawati saking Indonésia. Namanipun sampun misuwur lumantar pakaryanipun awujud geguritan, carita cekak, lan éséi sastra ingkang kamot wonten sawenèh ariwarta, kalawarta, lan jurnal ing Indonésia. Kajawi nyerat, Retno Iswandari ingkang ngrampungaken pawiyatan luhur wonten Program Pascasarjana Ilmu Sastra, Universitas Gadjah Mada, punika ugi nglampahi kiprah wonten sakpérang parembugan sastra, antawisipun dhiskusi lan seminar, saé minangka pawicara utawi modherator.